Tetep Aman Nang Umah

Virus Corona bisa njangkit nang menungsa tapi sering dikaitna karo penyakit ringan kaya flu biasa. Virus Corona dikenal Covid 19 nyerang 210 negara karo wilayah suluruh dunya.

Pimen Carane Ngelindungi Awak

Mbokan rika, keluargane, sadulure, tanggane, jakwire durung ngerti cara ngadohi virus Corona, Kyeh nang kene bisa sinau. Nggo nambahi ngerti sekalian nggo njagani awake dewek.

Aja Salaman Langsung

Aja Salaman Langsung

Eling, lur... Ora kabeh kudu dimek. Keseringen dimek malah bonto.

Aja Ngemek Rai

Aja Ngemek Rai

Pede bae raine ngganteng utawa ayu dadine ora usah diamplas terus.

Aja Merek

Aja Merek

Aja kalah karo slogan sing biasa ditempel nang mburine bak trek, "Jaga Jarak".

Sering Wisuh

Sering Wisuh

Sering ngumbahi tangan sekaligus pakaian ben ora kelingan mantan.

Ngombe Sing Akeh

Ngombe Sing Akeh

Aja salah, banyu setetes be bisa dadi, apa maning segalon. Mula, nginunge sing akeh.

Raine Dibrongsong

Raine Dibrongsong

Nutupi rai nganggo masker kue ora masalah. Sing penting aja nutup ati.

Tanda Kena Korona

Tanda tanda kie ora mutlak, tapi tetep kudu ati ati lan waspada. Soale ana juga uwong sing kenang Korona tanpa gejala. Kalem bae... Sing penting pikirane positif...

Watuk

Watuk

Watuke ngukluk terusan ora mandek mandek. Apa maning angger ora bisa apel marang taroke karana lagi isolasi mandiri.

Lara Tenggorokan

Lara Tenggorokan

Ambekan ora lancar, tenggorokan lara, terus ora bisa ngerasakna mambu. Luwih parah maning anggere ana penyakit bawaan kaya kanker alias kantong kering.

Atis

Atis

Bisa dialami wong tua enom, ora lanang ora wadon. Biasane ditambahi ambekan sesek angger lagi ora olih jatah.

Meriyang

Meriyang

Awak panas nggreges biasane mulai kerasa rong dina nganti sepuluh dina. Tambah parah maning angger setoran urung dibayar

Mumet

Mumet

Anggere mumet, tulung aja diremehna. Soale mumet kue dadi tanda paling utama kenang Korona. Tapi ndean ya kabeh uwong bisa mbedakna antara mumet karena penyakit apa karna ora due duit.

Mutah

Mutah

Angger ana wong lanang mutah nang dalan, aja digawa maring bidan. Kue jelas dudu karena meteng. Tapi bisa juga karena mak buk.

Buka Sitik, Jos...

Numpang Iklan... Pan melu golet rejeki, mbokan cocok karo sampeyan.

Aja Kalah Karo Korona,  Nggawe Warung Onlen, Yuh...

TAKON AJA ANGEL ANGEL

Mbokan nang kene wis ana jawabane ya, sukur...

1. Pimen Ceritane Virus Korona?

Korona kue keluarga besar virus sing bisa njangkit lan nular nang kewan utawa menungsa. Biasane nggawe infeksi sing akhire ngganggu ambekan. Jenise mulai skang pileg ringan utawa biasa, sedengan kaya MERS, nganti paling parah kaya SARS. Sing paling anyar, ya penyakit korona utawa Covid 19.

2. Apa Kue Covid 19?

Covid 19 kue penyakit sing bisa nular abibat virus Korona. Virus karo penyakit Korona nembe mulai pada ngerti sauwise ana kedadian nang Wuhan, China, pas wulan Desember 2019.

3. Apa kue Karantina?

Karantina kue kegiatan njaga gerakane uwong sing terpapar penyakit menular. Tujuane nggo ndeleng uwong kue pernah penyakiten apa ora. Soale penyakit korona kadang ora ana gejalane.

4. Apa sih Isolasi?

Isolasi kue misahna uwong utawa gerombolan uwong sing dianggap ketularan terus bisa nulari penyakit. Tujuane nggo nyegah eben penyakite ora nular nang uwong liya. Isolasi ana sing dikarepi awake dewek, ana juga sing dipaksa daning pemerintah daerahe.

5. Gejala Covid-19

Sing paling umum, gejala penyakit Korona kue demam, kesel, watuk garing tapi ngukluk. Ana juga pasien sing krasa senat-senit, cungure mampet, pileg, lara tenggorokan. Gejala awal biasane ringan tapi nggo uwong sing due penyakit gawanan (kaya jantung, darah tinggi, diabetes) bisa ndadekna tambah serius. Siji diantara enem uwong sing kenang penyakit Korona cenderung tambah parah. Angger meriyang, watuk, karo ambekan susah kudu nggolet bantuan medis.

6. Obat Covid-19 Ana Apa Ora?

Durung ana obat khusus nggo mencegah utawa ngobati Korona. Uwong sing kena penyakit Korona butuh dukungan perawatan nggo mbantu ambekan.

7. Kudu Kepimen?

Kaya sing wis dibahas nang ndhuwur, tetep aman nang umah. Angger kepaksan metu sing umah: aja salaman langsung, aja ngemek rai, jaga jarak, sering ngumbahi tangan, akeh ngombe banyu putih, angger nganggo masker. Terus angger awak kerasa ora kepenak, meriyang, nggreges, watuk, angel ambekan gagiyan periksa. Nggo ngurangi resiko mbrabahe virus, ceritakna riwayat dolane sampeyan.

8. Koronavirus penyebab Covid-19 Asale Sing Endi?

Nganti seprene durung bisa dipastikna sumber SARS-CoV-2, virus Corona (CoV) sing nyebabna Covid-19. Tapi bukti-bukti ilmiah bisa disimpulna asale sing kewan (ndean tah lawa), dudu gawean.

9. Proses Nulare Covid-19?

Virus Covid-19 nular lewat tetes banyu watuk utawa wahine uwong sing kenang penyakit. Rika bisa ketularan angger jarake 1 meter karo wong sing penyakiten terus nyedot viruse. Mulane aja gampang ngemek mripat, cungur, utawa cangkem sadurunge ngumbahi tangan.